Covenant Protestant Reformed Church
Bookmark and Share

Pangakenan Pitados Chalcedon (451)

 

Kanthi makaten, kula sami mituhu dhateng bapa-bapa Rasuli kanthi paugeran, memucal dhateng sedaya manungsa kangge angakeni; Putra ontang-anting Gusti Kita Yesus Kristus, sampurna ing kaillahianipun ugi sampurna ing kamanungsanipun, Allah sayektos ugi manungsa sayektos ingkang kadunungan akal saha pikiran, miturut keillahianipun kadunungan dat ingkang samikaliyan sang Rama. Wiwit purwaning zaman, lan miturut kamanungsanipun, miyos sakingprawan Maria minangka ibu ing dinten ingkang sampun pinasthi.

Panjenenganipun punika Sang Kristus, Putraning Allah Ingkang ontang-anting ingkang dipun wiyosaken kagungan kalih hakekat tanpa pambawuran, tanpa pinnisah lan tan gingsir, kamanungsan lan kaillahianipun mboten saged kapisahaken dening pribadinipun, ananging sifat dhasar saking jasmani lan kaillahianipun tetep utawi panggah kasarira ing setunggal setunggaling dat, tumunten manunggal lan nyawiji ing setunggal pribadi, tan pinisah dados kalih pribadi, ananging Putra ontang-anting ingkang kawiyosaken, Sang Sabda, Gusti Yesus Kristus; Panjenenganipun sampun kawangsitaken dening para nabi saderengipun, ugi condhong kaliyan ingkang dipun wucalaken dening Gusti Yesus Kristus dhateng kita, ugi kados dene pangaken pitados utawi sahadat ingkang sampun kawucalaken dening bapa Rasuli datheng kita.

Translator: Rev. Sukardi from Malang